Jaman gemiyen acara sadranan dilakoni kanggo
pemujaan maring leluhur uga njaluk maring arwah leluhur, sebab dipercaya nek
arwah leluhur sing wis meninggal kuwe jane esih urip bareng nang dunia kiye.
Upacara sadranan jaman gemiyen nganggo ubarampe sing isine sesajen
panganan-panganan sing ora enak dipangan contone: daging mentah, getih ayam,
kluwak lyy.
Bar Agama Islam melebu, para Wali ngerobah
upacara sadranan kiye kanthi cara alus ben pada karo ajaran Islam. Pemujaan
karo permohonan maring leluhur dirobah dadi dhonga maring Gusti Allah. Sesajen sing ora enak
dipangan diganti dadi sajian panganan sing enak. Upacara sing gemiyen dianakna
nang kuburan terus dipindah nang Masjid utawa Mushalla/Langgar uga bisa nang omah kerabat
sesepuh/pinisepuh.
Rangkaian Kegiatan
- Bersih Makam: Sing diresiki yaiku makam leluhur karo sedulur malah kadang dilanjut karo resik-resik desa (bersih desa). Ana daerah-daerah sing ngarani sadranan sebagai Upacara Bersih Desa. Acara kiye dianakna esuk nganti meh Shalat Dhuhur.
- nDonga: nDonga maring Gusti Pengeran kanggo keselamatan kerabat sing esih urip karo ngirim doa kanggo ketentraman arwah kerabat sing wis meninggal.
- Kenduren: Acara kenduren sadranan kiye biasa diarani Ruwahan. Sing diundang umume kerabat karo tangga-tangga pedhek.
Sajian panganane biasane ana 2 bagian, jajanan karo
panganan kanggo kenduren. Jajanan umume Jajan Pasar, kuwe di tata sebagai
ambengan terus dibagi-bagi bar acara ndonga sing dipimpin Imam Masjid, acara kuwe biasane dianakna
bar Shalat Dhuhur. Acara Kenduren umum dianakna mbengine.
Hakekat & Makna
Sadranan kuwe hakekate yaiku kesadaran menungsa maring
perkara urip karo meninggal. Sing wis meninggal ganu ngelairna sing esih urip,
sing esih urip mengkone nyusul sing wis mati(Sangkan Paraning Dumadi).
Sadranan uga ngandung makna nek menungsa kuwe kudhune terus eling nek dheweke
urip kuwe hakekate bebarengan karo ngenteni meninggal, kiye mangsude ben saben
ngelakoni apa baen dong esih urip kudhu ngati-ati.
Sadranan nang RW 5 Desa Banjarsari Wetan
Esuk – esuk jam 5 bar subuh, warga RW 5 Desa
Banjarsari Wetan Kecamatan Sumbang Banyumas bareng bareng karo gawa ramesan
nang gone umahe RT ne.
Sawise pada kumpul disampekna neng bapak ERTE
maksud lan tujuane sadranan sanajan mungkin esih kurang, terus gawanane rames
dibukaki lan diwaosaken donga.
Atis tur ya pada esih keton sayu mripate merga kaya
esih ngantuk, ning ya pada keton semangat. Sadranan nang RW 5 tekan siki esih
diuri – uri , seumutku ya urung ana pedote kawit mbiyen. Kabeh
mau ya mung diniati nguri – uri budaya utawa adat.
Muga – muga ya mbesuk kapan ya terus dilkoni, lewih
– lewih ya dikembangna ben budaya utawi adat iki ora luntur sebab perkembangan
jaman
0 komentar:
Posting Komentar